Gula Semut Seger
SMASKA News ----Ing wewengkon kapanewon Kokap, kabupaten Kulon Progo kathah dipunpanggihi wit klapa. Wis klapa menika kalebet taneman ingkang nggadhahi mumpangat kathah sanget kangge panggesangan. Wiwit saking pucuk ngantos dumugi oyotipun saged dipunolah.
Satunggaling olahan ingkang kapendhet saking wit klapa lan dados oleh-oleh khas saking Kokap inggih menika gula semut. Dipunwastani gula semut menika boten ateges wonten semutipun utawi ngginakaken semut, nanging amargi wujudipun ingkang alit-alit kados kristal. Mila, gula semut menika ugi kondhang kasebut gula kristal. Gula semut utawi gula kristal nggadhahi kaluwihan katimbang gendhis Jawi (gula Jawa). Gula semut langkung awet, saged tahan ngantos 2 taun menawi anggenipun nyimpen sae, rapet.
Damel gula semut (gula kristal) mbetakaken wekdal ingkang dangu, lan anggenipun damel ugi boten gampil. Caranipun damel inggih menika saking legen dipunolah dados gendhis Jawi langkung rumiyin. Boten sedaya gendhis Jawi saged dipundamel gula semut, kedah gendhis Jawi ingkang sae. Gendhis Jawi lajeng dipunpanasi ing wajan kanthi geni ingkang stabil ngantos ajer lan diudhak ngagem irus (saking bathok klapa) ngantos kenthel saengga saged dipungiling ngginakaken beruk (bathok klapa ingkang cekung). Nalika nggiling gendhis menika dipuntambahi kaliyan brondhol (gula semut ingkang grindhil/mringkil/boten alus). Nalika proses nggiling menika mbetahaken tenaga ingkang ekstra amargi wujudipun adonan gendhis ingkang alot lan atos. Sasampunipun gendhis dipungiling, lajeng dipunayak supados pikantuk butiran-butiran ingkang alus. Kangge proses mangsak menika kathah-kathahipun ngginakkaken luweng lan kajeng bakar, boten ngginakkaen kompor amargi ingkang langkung irit lan kajeng saged dipunpendhet saking sakiwa tengen griya.
Saperangan pengusaha ing Kokap ugi nggadhahi inovasi kangge ningkataken asil/daya beli masarakat kanthi dipundamel maneka warna varian rasa gula semut. Varian rasa menika ngginakaken rempah-rempah ingkang wonten ing sakiwa tengen warga masarakat Kokap, saha temtunipun mumpangatipun sae kangge badan, tuladhanipun varian jahe, kunir, kayu manis, temu lawak. Sanajan maneka warni raos, gula semut tetep ngginakaken bahan ingkang alami, original. Regi gula semut maneka warna, gumantung saking raosipun, original menapa ingkang varian rasa. Gula semut saged dipunpundhut ing toko oleh-oleh, ing wande, saha saged langsung dhateng ingkang damel. Raos gula semut menika manis lan seger, satemah damel remen tiyang ingkang ngunjuk.
Dipunserat dening: Norma Wijayanti. S.Pd. SMA N 1 Kokap
0 Komentar
Tambahkan Komentar